Astaghfirulloh Robbal baroyaah
Astaghfirulloh Minal Khothoyah
Robbi zithni 'ilmannafii'aa
Wawaffiqni 'Amalaan sholikha
Ya roshulalloh salam mun'alaika
Ya rofi'asyaaniwaddaarojii
'Athfataiyajii rotal'alaami
Ya Uuhailaljudiwalkaromi
Ya Uuhailaljudiwalkaromi
Ngawiti ingsun nglagu sya’iran,
Kelawan muji maring pengeran ..
Kang mai rohmat lan kenikmatan,
Awan lan bengi tanpa Pritungan ..
Wahai sedulur lanang lan wadon,
Aja mung ngaji syariat mawon ..
Mung pinter ngomong waca tulisan,
Mantak mengkone bakal kangelan ..
Akeh kang apal Qur'an hadise,
Seneng ngafirna ning wong sejene ..
Kafire dewek dianggep sepele,
Nyen masih kotor ati akale ..
Gampang kebujuk nafsu angkara,
Ning gemerlape gebyare dunya ..
Iri lan dengki sugie tangga,
Mula atine peteng lan nista ..
Mangga sedulur aja sepele,
Wajibe ngaji sepraturane ..
Go ngandelaken iman tauhide,
Baguse sangu mulya matine ..
Kang aran soleh bagus atine,
Karena mapan seri ilmune ..
Laku thoriqat lan mari'fate,
Uga haqiqat manjing rasane ..
Alquran Qodim wahyu kang mulya,
Tanpa ditulis bisa diwaca ..
Iku wejangan guru waskita,
Ditancebaken ning jero dada ..
Nempel ning ati lan pikiran,
Manjing ning badan kabeh jeroan ..
Mukjijat Rosul dadi pedoman,
Minangka dalan manjinge iman ..
Kelawan Allah kang maha suci,
Kudu rangkulan awan lan bengi ..
Ditirakati diriyadhahi,
Dzikir lan suluk aja nganti lali ..
Uripe ayem lan ngerasa aman,
Ikulah rasa tandane iman ..
Sabar nerima najan pas pasan,
Kabeh takdire saking pangeran ..
Karo bebatur dulur lan tangga,
Kang pada rukun langka perkara ..
Iku sunahe rosul kang mulya,
Nabi Muhammad panutan kita ..
Ayuh nglakoni sekabehane,
Allah kang bakal ngangkat drajate ..
Senajan esor secara dzohire,
Nanging mulya maqom drajate ..
Lamon ajal teka ning akhire,
Ora kesasar roh lan sukmane ..
Digadang Allah suwarga manggone,
Utuh mayide uga kafane ...
Komentar
Posting Komentar